Yokanan 12:48-50 Kitab Sutji (JAV)

48. Sing sapa nampik Aku, lan ora nampani pituturKu, iku wus ana kang ngadili, yaiku pitutur kang wus Dakwedharake, iku kang bakal ngadili besuk ing dina wekasan.

49. Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Daktuturake lan kang Dakterusake.

50. Lan Aku sumurup, yen dhawuhe iku urip kang langgeng. Dadine apa kang Dakkandhakake iku anggonKu nglairake kaya kang didhawuhake dening Sang Rama marang Aku.”

Yokanan 12