Yokanan 12:43-49 Kitab Sutji (JAV)

43. Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.

44. Nanging Gusti Yesus banjur nguwuh pangandikane: “Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengane kang ngutus Aku.

45. Sarta sing sapa nyawang Aku, iku nyawang Panjenengane kang ngutus Aku.

46. Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.

47. Lan manawa wong ngrungokake pituturKu, nanging ora nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdene tekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nanging mitulungi rahayu.

48. Sing sapa nampik Aku, lan ora nampani pituturKu, iku wus ana kang ngadili, yaiku pitutur kang wus Dakwedharake, iku kang bakal ngadili besuk ing dina wekasan.

49. Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Daktuturake lan kang Dakterusake.

Yokanan 12