26. Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padunungananKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.
27. Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki.
28. Dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!” Tumuli ana swara saka ing swarga: “Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurahe maneh!”
29. Wong akeh kang padha ngadeg ana ing kono lan krungu swara mau padha ngarani, yen iku mau swaraning gludhug. Saweneh ana kang ngucap: “Iku malaekat kang imbal pangandika karo Panjenengane.” Gusti Yesus tumuli ngandika:
30. “Anane swara mau kaprungu ora marga saka Aku, nanging marga saka kowe.
31. Samengko ana pangadilan ing ngatase jagad iki: Samengko uga panggedhene jagad iki bakal kabuwang metu;
32. dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.”
33. Pangandikane kang mangkono iku kanggo mratelakake patrap bakal sedane.
34. Wong akeh tumuli mangsuli: “Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?”
35. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.
36. Mumpung kowe padha kanggonan pepadhang, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowe padha dadia ahlining pepadhang.”Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus tumuli tindak asingidan.
37. Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,
38. supaya kayektenana pamedhar wangsite Nabi Yesaya, mangkene:“Dhuh, Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula?Punapa dene sinten ingkang kawedharan asta panguwaosing Pangeran?”
39. Marga saka iku mulane wong-wong padha ora pracaya, jalaran Nabi Yesaya wus ngandika uga mangkene: