Yokanan 11:20-26 Kitab Sutji (JAV)

20. Nalika Marta krungu yen Gusti Yesus rawuh, tumuli methuk, nanging Maryam kari ana ing omah.

21. Marta banjur munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten pejah.

22. Nanging sapunika ugi, kawula mangretos, bilih punapa ingkang Paduka suwun dhateng Gusti Allah, Gusti Allah mesthi badhe nyembadani.”

23. Pangandikane Gusti Yesus: “Sadulurmu bakal tangi maneh.”

24. Unjuke Marta: “Kawula inggih mangretos bilih badhe tangi benjing ing dinten patangen, ing wekasaning jaman.”

25. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.

26. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?”

Yokanan 11