21. Ana liyane kang calathu: “Iku rak dudu tembunge wong kranjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelekake mripate wong-wong wuta?”
22. Ora antara lawas, ing Yerusalem pinuju riyaya Pambangune Padaleman Suci; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing.
23. Gusti Yesus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Suleman.
24. Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.”
25. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku,
26. nanging kowe padha ora pracaya, amarga kowe dudu panunggalane wedhus-wedhusKu.
27. Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku,
28. apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu.
29. RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu.
30. Aku lan Sang Rama iku siji.”’