41. Dhisike Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani: “Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus).”
42. Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus
43. Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika: “Melua Aku!”
44. Filipus mau wong saka ing Betsaida, kuthane Andreas lan Petrus.
45. Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”
46. Pangucape Natanael: “Saka Nasaret apa ana barang kang becik?”
47. Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.”
48. Natanael banjur munjuk: “Paduka nguningani kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir.”
49. Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”
50. Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.”
51. Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “Satemene pitutur-Ku ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.”