Yokanan 1:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.

2. Wiwitane Panjenengane iku nunggil karo Gusti Allah.

3. Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening Sang Sabda.

4. Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.

5. Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku.

6. Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan.

7. Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.

8. Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Pedhang.

9. Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.

Yokanan 1