Yoel 2:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Anggone padha mencolot-mencolot ngliwati pucake gunung-gunungkaya kumrasaking kreta,lan kaya perkataking genikang ngobong dami;kaya bangsa kang kuwat,wadya-balane samekta ing perang.

6. Adu arep karo iku, bangsa-bangsa padha gumeter,guwayane kabeh padha saya pucet.

7. Playune kaya pahlawan,kaya prajurit anggone ngunggahi baluwarti,siji-sijine padha lumaku terusora nganggo nyimpang saka ing dalane;

8. ora padha suk-sukan,siji-sijine ngambah ing dalane dhewe,nrajang pabarisan kalawan sikep gegaman tumbak,anggone baris kareksa aja nganti pedhot.

9. Banjur nyerbu menyang ing jero kutha,ngunggahi baluwarti,padha menek lumebu ing omah-omah,lumebune metu ing cendhela kaya maling.

10. Bumi gumeter ana ing ngarepe,langit gonjang-ganjing,srengenge lan rembulan padha dadi peteng,sarta lintang-lintang ilang cahyane.

11. Pangeran Yehuwah nuli ngedalake swarane,ana ing ngarepe wadya-balane,mangka wadya-balane iku luwih dening akeh,sarta kang nindakake sabdane iku santosasabab ngedab-edabi dinane Sang Yehuwah ikusarta nggegirisi banget,sapa kang bisa mbetahake?

12. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Nanging saiki uga, padha mratobatamarang Ingsun kalawan gumolonging atinira,kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”

13. Atimu suweken, aja sandhanganmu,sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu,dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan,gedhe sabare lan luber kamirahane,Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.

Yoel 2