Yoel 2:21-24 Kitab Sutji (JAV)

21. He tanah, aja wedi,surak-suraka lan bungah-bungaha,sabab Pangeran Yehuwah uga wus nindakake prakara kang gedhe!

22. He, sato-kewan ing ara-ara, aja padha wedidene pangonan ing ara-ara padha ijo riyo-riyo,wit-witan padha metu wohe,wit anjir lan wit anggur padha menehake kasugihane.

23. He, bani Sion, padha surak-suraka,lan padha bungah-bungahamarga saka Pangeran Yehuwah, Allahira,marga sira wus diparingi,udan awal kalawan adil,iya udan awal lan udan akhir kaya biyen.

24. Panuton-panuton bakal padha kebak gandumsarta pamipitane luber anggur lan lenga.

Yoel 2