Yoel 2:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion,lan padha surak-suraka ana ing gunungingSun kang suci!Sakehe wong isine nagara padha getera,awitdene dinane Pangeran Yehuwah teka, wus cedhak;

2. sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong,dina kang mendhung lan peteng lelimengan;ana bangsa kang gedhe sarta santosamratani gunung-gunung kaya bangbang wetan,kang kaya mangkono iku durung tau anawiwit kuna mula;lan ing sapungkure iya bakal ora ana,turun-tumurun, ing tembe buri.

3. Ing ngarepe ana geni kang memangsa nganti ludhes,lan ing burine ana urubing geni kang nggesengake.Tanah kang ana ing ngarepe kaya patamanan Eden,nanging ing burine pasamunan kang mati;sarta ora ana kang bisa ngoncati bangsa mau.

4. Rupane kaya jaran,lan playune iya kaya jaran mbandhang.

Yoel 2