Yesaya 8:9-15 Kitab Sutji (JAV)

9. Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa,padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh,padha sabukana, lan padha girisa!padha sakana lan padha girisa!

10. Padha gawea rancangan, nanging iku uga bakal gagal;gawea putusan, nanging uga bakal ora tumindak,awit Gusti Allah nunggil karo aku kabeh.

11. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku, nalika aku dicepeng kalawan astane kang rosa, supaya aja nulad tingkah-polahe bangsa iki:

12. “Sira aja ngarani sekuthon marang samubarang kabeh kang diarani sekuthon dening bangsa iki, lan apa kang diwedeni, aja padha sira wedeni sarta aja padha gumeter ndeleng iku.

13. Nanging Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, iku kang kudu sira akoni dadi Kang Suci; iya Panjenengane iku kang kudu sira wedeni lan ana ing ngarsane iku sira gumetera.

14. Panjenengane bakal dadi papan suci, nanging uga dadi watu patanggoran lan watu sandhungan tumrap kraton Israel sakarone, sarta dadi jiret lan kala tumrap wong ing Yerusalem.

15. Apadene panunggalane akeh kang bakal padha kesandhung, tiba lan tatu abot, kacekel lan katawan.”

Yesaya 8