1. Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira njupuka watu panulisan gedhe, nuli ing dhuwur sira tulisana nganggo tulisan lumrah: Maher-Syalal Khasy-Bas.”
2. Aku banjur nyeluk seksi loro kang kena dipracaya, yaiku Imam Uri lan Zakharia bin Yeberekhya.
3. Sawuse mangkono aku tumuli nyedhaki bojoku; dheweke banjur ngandheg lan nglairake anak lanang. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Iki jenengna: Maher-Syalal Khasy-Bas,
4. awit sadurunge bocah iku bisa nyeluk: Bapak! Ibu! kasugihane Damsyik lan jarahane Samaria bakal diusungi marang ing ngarepe raja Asyur.”
5. Pangeran Yehuwah nglajengake pangandikane maneh marang aku mangkene:
6. “Ing sarehne bangsa iki wus nampik banyu Syiloah kang alon iline,lan wedi banget marang Rezin lan anake Remalya,
7. mulane lah Pangeran ndadekake banyune bengawan Efratkang santer lan gedhe,mbanjiri wong-wong mau,yaiku ratu ing Asyur lan sakehe kamulyane;banyu iki bakal luber ing saurute ilen-ilene kabehtuwin bakal mili ngluberi pinggire,
8. sarta nrobos lumebu ing Yehuda,dadi kaya banjir kang gedhe nganti sagulu;apadene pambebere swiwinebakal ngacaki tanahira kabeh, dhuh Imanuel!”
9. Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa,padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh,padha sabukana, lan padha girisa!padha sakana lan padha girisa!