Yesaya 65:23-25 Kitab Sutji (JAV)

23. Anggone padha nglakoni rekasa ora bakal tanpa gunatuwin ora bakal nglairake anak kang banjur mati dadakan,amarga padha turune wong kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah,sarta anak-putune padha manggon tetunggalan ana ing kono.

24. Sarta bakal kelakon sadurunge padha sesambat,Ingsun wus paring wangsulan,nalika lagi padha munjuk,Ingsun wus midhangetake.

25. Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan,singa bakal mangan dami kaya sapisarta ula uripe bakal saka lebu.Ora ana kang nglakoni piala utawa tumindak ora becik ana ing sawratane gunungingSun kang suci,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

Yesaya 65