Yesaya 65:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Wus dadi keparenging panggalihingSun paring pituduh marang wong kang ora nakokake marang Ingsun;wus dadi keparenging panggalihingSun, Ingsun ditemu dening wong kang ora ngupaya marang Ingsun.Ingsun wus ngandika: “Iki Ingsun, iki Ingsun!”marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun.

2. Sadina muput anggoningSun wus ngegarake astaningSunmarang suku bangsa kang mbalela,kang lumaku ing dalan kang ora beciklan kang ngenut rancangane dhewe;

3. suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSuntansah ana ing ngarsaning paningalingSun,kalawan caos kurban ana ing patamanan-patamananing dewalan ngobong kurban ana ing dhuwur bata;

4. kang lungguh ing kuburan-kuburanlan nginep ana ing guwa-guwa;kang mangan daging babisarta kwaline isi duduh daging najis;

5. kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku,mundhak dadi suci marga saka aku!”Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun,kaya geni kang murub sadina muput.

6. Lah ing ngarsaningSun wus ana tulisan mangkene:Ingsun ora bakal kendel bae,Ingsun malah bakal ndhawahake piwales,piwales marang para wong iku,

7. marga saka kaluputane wong-wong iku dhewe, lan kaluputane para leluhure,kabeh iku bareng, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.Amarga wus padha ngobong kurban ana ing gunung-gununglan nenacad Ingsun ana ing tengger-tengger.Ingsun pancen bakal naker ana ing jubahepituwasing panggawe-panggawene kang biyen!

8. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune:iku aja dirusak,sabab ing jerone isih ana berkahe!mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun,yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.

9. Ingsun bakal nukulake turun saka Yakub,lan wong saka Yehuda kang bakal maris gunung-gunungingSun;wong-wong pepilihaningSun kang bakal tampa iku sarta para abdiningSun kang bakal manggon ing kono.

10. Saron bakal dadi pangonaning wedhuslan lebak Akhor dadi plegunganing sapi,tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun.

11. Nanging sira kang wus padha ninggal Pangeran Yehuwah,kang wus padha lali marang gunungingSun kang suci,kang padha nata sesajen kanggo Dewa Gad,tuwin kang padha nyuguhake anggur kang dicampuri bumbu marang Dewa Meni:

Yesaya 65