Yesaya 63:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. “Sapa ta kang rawuh saka ing Edom,kang rawuh saka ing Bozra kalawan ngagem rasukan abang iku,kang katon mawa cahya marga saka pangagemane kang kaya mangkono iku,kang lumampah kalawan ngagem kakiyatan kang linuwih iku?”“Iya Ingsun iki, kang janji bakal paring pangadilan,lan kang kagungan kwaos paring pangluwaran!”

2. “Punapa sababipun, dene pangageman Paduka abritipun kados makaten,saha agemipun rasukan kok ngnatos kados rasukanipun tiyang ingkang mipit anggur?”

3. “Ingsun mung piyambakan bae anggoningSun mipit,lan panunggalane umatingSun ora ana kang ngrewangi Ingsun!Ingsun wus mipit para bangsa ing sajroning bebenduningSun,wus padha Sunidak-idak ing sajroning mulad-mulading dukaningSun,getihe muncrat-muncrat marang ing rasukaningSun,sarta pangagemaningSun kabeh wus gluprut getih.

4. Amarga dinaning piwales wus Sunrancanglan wus tumeka ing taun anggoningSun pepulih.

5. Ingsun mirsani ngiwa-nengen: ora ana kang tetulung;Ingsun ngungun: kok ora ana kang mbiyantu.AstaningSun kang banjur mitulungi Ingsun,lan mulad-mulading bebenduningSun,iku kang mbiyantu Ingsun.

6. Ing sajroning dukaningSun iku bangsa-bangsa padha Sunidak-idak,padha Sunremuk ing sajroning mulad-mulading bebenduningSun,getihe Sundamel blabaran ana ing bumi.”

7. Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah,pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut,laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita,tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisraelingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipuntuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.

8. Panjenenganipun rak sampun ngandika:“Iku sanyata umatingSun,putra-putra kang ora bakal tumindak culika,”mila Panjenenganipun dados Pamartanipun

9. ing salebeting karupekanipun sadaya.Sanes duta utawi utusan,nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari;Panjenenganipun ingkang nebusmargi saking tresna tuwin welasipun.Ing jaman kina sami dipun junjungsaha dipun gendhong.

10. Ewadene lajeng sami mbalelasarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci;mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun,saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.

11. Nunten sami kengetan dhateng jaman kina,jamanipun Nabi Musa, abdinipun punika:Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngentas saking segantensesarengan kaliyan pangening menda-mendanipun?Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkangngesokaken Rohipun ingkang suci wonten ing manahipun;

12. ingkang kalayan astanipun ingkang luhurnganthi Nabi Musa wonten ing tengenipun;ingkang mbelah toya wonten ing ngajenging umatipunsupados langgengnga asmanipun;

Yesaya 63