Yesaya 6:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci.

2. Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur.

3. Iku padha nguwuh sasauran, tembunge:“Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,saindenging bumi kebak ing kamulyane!”

4. Dhasaring dhempele lawang padha gonjing marga saka swara panguwuh iku, tuwin padaleman mau banjur kebekan ing kukus.

5. Aku nuli ngucap:“Bilai aku! Aku tiwas!Amarga aku iki wong kang alambe najis,sarta manggon ing satengahing bangsakang najis lambene,nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu,yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”

6. Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah.

7. Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene:“Delengen, lah iki wus nggepok lambemu,dadine kaluputanmu wus sirnalan dosamu wus kaapura.”

Yesaya 6