Yesaya 6:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci.

2. Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur.

3. Iku padha nguwuh sasauran, tembunge:“Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,saindenging bumi kebak ing kamulyane!”

4. Dhasaring dhempele lawang padha gonjing marga saka swara panguwuh iku, tuwin padaleman mau banjur kebekan ing kukus.

Yesaya 6