16. Panjenengane mirsamanawa ora ana wong siji-sijiakang jumedhul, tuwin ngungun,dene ora ana kang mbiyantu.Mulane astane piyambak kang mitulungi,sarta kaadilane kang mbiyantu Panjenengane.
17. Banjur ngagem kaadilan kadadekake kerelan toponging karahayon ana ing mustakane;ngagem busana piwalessarta jubahing panggalih benter.
18. Laras karo panggawe-panggawening wong,mangkene anggone paring piwales:bebendu kang mulad-mulad marang para kang nglawan,pidana marang para mengsahe;malah dalasan pulo-pulo kang adoh uga kadhawahan pidana.
19. Ing kono wong banjur bakal wedimarang asmaning Pangeran Yehuwahana ing papan suruping srengengetuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge,awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut,kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.
20. Sarta bakal rawuh jumeneng dadi Panebusing Siontuwin kanggo para wonge Yakub kang padha mratobat nyingkiri pambalelane,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.