Yesaya 54:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi!Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka,he sira kang ora tau nglarani!Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

2. Ambakna papanig tarubira,jerengen tendhaning papan padununganira,sira aja ngeman papan;tali-talining tarubira dawananasarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh!

3. Amarga sira bakal tangkar-tumangkar ngiwa nengen,turunira bakal padha ndarbeni papaning para bangsa,tuwin bakal padha ngenggoni kutha-kutha kang sepi.

Yesaya 54