10. Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten,toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi?ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet,supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?
11. Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuktuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak,kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng;kebak kabingahan lan kagirangan,tinebihan ing kasisahan saha pangresah.
12. Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh.Sapa ta sira iku, dene kok wedimarang manungsa kang pancen bakal mati,marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket,
13. nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira,kang njereng langit lan nalesi bumi,kok nganti sira sadina-dina tansah gumeterwedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku,kang rumanti arep nyirnakake?Endi ta mulad-mulading nepsunewong kang nganiaya iku?