Yesaya 51:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran,he sira kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah!Padha mawasa gunung parang, pinangkanira katatah,lan luwangan parang pinangkanira kadhudhuk.

2. Mawasa Abraham, bapa leluhurira,lan Sara kang nglairake sira kabeh;nalika Abraham ijen, Suntimbali,banjur Sunberkahi lan Sundadekake akeh.

3. Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion,nglipur sakehing jugrugane;pasamunane kadadekake kaya patamanan Edenlan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah.Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena,kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen.

4. Padha nggatekna swaranigSun, ha para bangsa,lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa!Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsuntuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap para bangsa.

5. Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak,pangluwaran peparingingSun bakal teka,sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos;pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun,padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun.

6. Mripatira arahna marang ing langitlan mandenga marang bumi kang ana ngisor;amarga langit sirna kayadene kukus,bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawastuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud;nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase,sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane.

Yesaya 51