1. Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran,he sira kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah!Padha mawasa gunung parang, pinangkanira katatah,lan luwangan parang pinangkanira kadhudhuk.
2. Mawasa Abraham, bapa leluhurira,lan Sara kang nglairake sira kabeh;nalika Abraham ijen, Suntimbali,banjur Sunberkahi lan Sundadekake akeh.
3. Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion,nglipur sakehing jugrugane;pasamunane kadadekake kaya patamanan Edenlan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah.Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena,kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen.