Yesaya 50:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsunkayadene murid,supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesukalawan tembung.Saben esuk talinganingSunkapredi ngrungokake kayadene murid.

5. Pangeran Allah wus ngwengakake talinganingSunlan Ingsun ora mbangkang,ora mengo memburi.

6. Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun,lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSunIngsun ora nutupi wedaningSunnalika Ingsun diwewirang lan diidoni.

7. Nanging Pangeran Allah banjur mitulungi Ingsun;mulane Ingsun ora kawirangan.Mulane Ingsun ngiyatake panggalihingSunkayadene santosaning gunung parangawit Ingsun uninga, manawa ora bakal kawirangan.

8. Panjenengane kang ngleresake Ingsun wus celak.Sapa kang wani padudon kalawan Ingsun?Ayo padha maju bebarengan!Sapa kang prakaran kalawan Ingsun?Iku kareben marani Ingsun!

Yesaya 50