Yesaya 5:11-26 Kitab Sutji (JAV)

11. Bilai para wong kang tangi esuklan banjur golek inuman keras,sarta lelinggihan nganti ing wayah bengi,kanthi ngangetake awake kalawan anggur!

12. Clempung lan slukat, trebang lan suling,apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau,nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah,sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah.

13. Mulane umatingSun bakal kagawa marang ing pambuwanganawit ora ngreti apa-apa;wong kang mulya bakal padha mati kaliren,tuwin wong akeh bakal padha kasatan.

14. Awit saka iku jagading wong mati bakal ngangapake gorokane amba bangetlan bakal ngangapake cangkeme tanpa wangenan,satemah sakehe kamulyan lan karameane Yerusalem,sakehe swara gumerah tuwin para wog kang suka-suka ana ing kutha kono bakal padha sirna ambles.

15. Manungsa banjur bakal kadhingklukake,lan wong bakal kaesorake,para wong gumunggung uga kaesorake.

16. Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane,lan gusti Allah Kang Mahasucibakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane.

17. Wedhus gembel bakal padha nyenggut ing kono kaya ana ing pangonane dhewetuwin wedhus-wedhus bakal padha golek pangan ana ing jugruganegedhong-gedhonge wong sugih.

18. Bilai para wong kang mancing kaluputan kalawan talining kadursilanlan dosa kaya nganggo kendharating grobag,

19. kang ngucap: “Gusti Allah dimen age-agelan enggal-enggal nindakake pakaryane,supaya kita padha sumurup;sarta karampungane Kang Mahasuci,Gusti Allah Israel,dimen teka nyedhak,supaya kita padha weruh.”

20. Bilai para wong kang ngarani piala iku beciklan kabecikan iku ala,kang ngowahi pepeteng dadi pepadhanglan pepadhang dadi pepeteng,kang ngowahi pait dadi legi,lan legi dadi pait.

21. Bilai para wong kang nganggep awake dhewe wicaksana,kang nganggep awake dhewe pinter!

22. Bilai para wong kang dadi jago ngombe inuman keraskang dadi pemenang ing bab nyampur inuman keras;

23. kang mbenerake wong duraka marga dibeselilan kang nyelaki wewenange wong bener.

24. Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami,lan kaya suket aking kang sirna dening geni,kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok,tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu,amarga wong-wong mau wus padha nampikpiwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahsarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

25. Mulane bebendune Sang Yehuwah banjur nempuh marang umate,diagagi astane sarta tumuli kapupuh;gunung-gunung bakal geter, mayit-mayite wong-wong maubakal kaya rereged ana ing tengah dalan.Nanging sanadyan iku kabeh wus kelakon, dedukane durung mendhalan astane isih diagagake.

26. Panjenengane bakal nglebet-nglebetake gendera marang bangsa kang adoh,lan bakal singsot nimbali wong-wong iku saka ing tapel-watese bumi;iku sanyata enggal bakal teka kalawan rerikatan!

Yesaya 5