1. Aku arep ngrepekake kidung bab kekasihku,kidunge kekasihku bab pakebonane anggur:Kekasihku iku kagungan pakebonan anggurana ing ereng-erenging pagunungan kang subur.
2. Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi,nuli ditanduri wit anggur pilihan;banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau.Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur;sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik,nanging jebul metokake woh anggur kang kecut.
3. Mulane saiki, he pendhudhuk Yerusalem,lan para wong Yehuda,padha ngadilana prakaraningSun kalawan pakebonaningSun anggur iku.
4. Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku,kang durung Sunlakoni?Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik,yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?