5. mulane Ingsun martakake bab iku wiwit ing kuna mula;sadurunge iku kelakon, wus Sunpangandikakake marang sira,supaya sira aja celathu: Brahalaku kang nindakake iku,recaku tatahan lan recaku cithakan kang ndhawuhake iku.
6. Sira wus krungu bab iku kabeh lan saiki sira ndelenga;apa sira ora padha gelem ngakoni dhewe?Ingsun paring pawarta bab prakara-prakara kang anyar wiwit saiki,tuwin bab-bab kang sumimpen kang durung sira sumurupi.
7. Lagi saiki bab-bab iku anggone kaanakake ora dhek biyen;sadurunge sira ora krungu bab iku,iku supaya sira aja celathu: Aku pancen wus sumurup kok!
8. Sira ora krungu utawa sumurup,uga kupingira ora kawengakake wiwit biyen mula;nanging Ingsun wus nguningani, manawa sira tumindak kiyanat kang nistha banget,lan wong ngarani sira: wong kang mbalela wiwit ana ing sajrone guwa-garba.
9. Marga saka asmaningSun Ingsun ngampet dukaningSunlan marga saka misuwuringSun,Ingsun paring palimirma marang sira, satemah sira ora Sunsirnakake.