17. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira,kang mulang marang sira bab apa kang maedahi,kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.
18. Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun,tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat,lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.
19. Turunira bakal kaya wedhituwin anak-putunira kehe kaya laslasane;jenenge ora bakal kasirnakakeutawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.”
20. Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim!Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak!Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi!Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”
21. Wong iku padha ora kasatan,nalika katuntun dening Panjenengane ngliwati ara-ara samun;Panjenengane ngwedalake banyu saka ing gunung parang.Gununge parang kebengkah banjur metu banyune.
22. “Para wong duraka padha ora kadunungan tentrem rahayu!”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.