9. Rong prakara iki bakal nekani sira,ing sakedhap netra, ing sajroning sadina uga.Sira bakal dadi randha lan turunirabakal sirna babar pisaniku bakal tumempuh marang sira,sanadyan ekeh sikiriratuwin mandi banget mantranira.
10. Ing maune sira rumangsa slamet ing sajroning pialanira;sira ngucap: “Ora ana kang weruh aku!”Kawicaksananira lan kawruhiraiku kang nasarake sira,satemah sira mosik ing sajroning atinira:“Kajaba aku ora ana liyane!”
11. Nanging sira bakal tinempuh ing bilai,sira ora bisa nandukake japa-mandtanira marang kadadean iku;sira bakal nandhang sangsara,sira ora bakal bisa nulak iku kalawan caos kurban;sira bakal katempuh ing karusakan kalawan dadakan,kang ora sira kira babar pisan.