Yesaya 47:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing maune sira rumangsa slamet ing sajroning pialanira;sira ngucap: “Ora ana kang weruh aku!”Kawicaksananira lan kawruhiraiku kang nasarake sira,satemah sira mosik ing sajroning atinira:“Kajaba aku ora ana liyane!”

11. Nanging sira bakal tinempuh ing bilai,sira ora bisa nandukake japa-mandtanira marang kadadean iku;sira bakal nandhang sangsara,sira ora bakal bisa nulak iku kalawan caos kurban;sira bakal katempuh ing karusakan kalawan dadakan,kang ora sira kira babar pisan.

12. Sira dipanggah bae kalawan ngantepi sakehing mantraniralan sikirira kang akeh iku,kang sira endelake wiwit cilikira;mbokmanawa sira saguh nekakake pambiyantu,mbokmanawa sira bisa nuwuhake pagiris.

13. Sira wus sayah marga saka kehe pituduh!Cikben padha maju lan ngluwari sirawong-wong kang padha naliti sakehing pojoke langit,kang padha niti-priksa lintang-lintangsarta kang saben tanggal enomaweh pawarta bab apa kang bakal kelakon tumrap sira!

14. Sanyata, wong-wong iku kaya damikang kaobong ing geni;padha ora bisa ngluwari nyawanesaka ign pangwasaning geni;geni iku dudu mawa geni kanggo manasake awak,dudu geni kanggo api-api!

15. Iya iku paedahe tumrap sira para tukang japa-matra iku,kang wus sira pindeng wiwit cilikira;padha sempoyongan menyang ing sakehing keblat,ora ana kang bisa ngluwari sira.

Yesaya 47