Yesaya 47:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuruna lan lungguha ing lebu,he kenya, putri ing Babil!Lungguha ing lemah tanpa dhampar,he putri Kasdim!Amarga sira ora bakal kaaranan manehmanis lan kenes.

2. Sira njupuka watu gulingan lan nggilinga glepung,bukaken kudhungira;silakna sarungira, liganen pupunira,nyabranga ing kali!

3. Kareben wewadinira katon ngeblaklan cikben kanisthanira katon!Ingsun bakal ndhawahake piwaleslan ora bakal ngeman wong siji-sijia,

4. mangkono pangandikane Juru Panebus kita, Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah asmane,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

5. Lungguha kalawan meneng lan lumebua ing pepeteng,he putri Kasdim!Sabab sira ora bakal dikandhakake manehdadi ratu ing sadhuwure para karajan.

6. Ingsun maune duka marang umatingSun,najisake pusaka kagunganingSun,sarta Sunpasrahake ing tanganira;sira ora welas marang wong-wong iku,malah banget-banget anggonira ngetrapi pasangan kang abotmarang wong kang wus tuwa.

Yesaya 47