Yesaya 46:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Dewa Bel wus katelukake, dewa Nebo wus kaesorake,reca-recane wus padha kamomotake ing kewan;kamomotake ing raja-kayakang maune padha sira arak, saiki wus padha kaemotakedadi momotaning kewan kang sayah,

2. kang ora bisa nylametake momotane iku.Dewa-dewa iku kaesorake lan katelukake bebarenganlan banjur padha dadi tawanan dhewe.

3. “Padha rungokna Ingsun, he para turune Yakub,he sakehe turune Israel kang isih kari,he para wong kang Sungendhong wiwit ing wetengan,he para wong kang Sunbopong wiwit ana ing sajroning guwa-garba.

4. Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenenganelan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh.Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh;Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.

5. Sira bakal padha madhakake lan nandhing Ingsun karo sapalan sira njejerake sapa, temah banjur padha?

6. Wong ngetokake emas saka ing kanthongelan mbobot salaka kalawan timbangan,banjur ngopahi wong dikon nggawekake allah nganggo bakal mau,nuli disembah-sembah lan uga disujudi!

7. Allahe iku tumuli ditumpangake ing pundhak,dipikul lan diprenahake ing panggonane;allahe iku banjur ngadeg ana ing kono ora bisa ngalih saka ing panggonane.Sanadyan diuwuh-uwuh ing wong, ora mangsulilan ora bisa ngluwari wong saka ing karupekane.

8. Iku padha elingana lan padha rumangsaa wirang,padha timbang-timbangen ing sajroning ati,he para wong kang padha mbalela!

Yesaya 46