19. Ora ana kang nimbang-nimbang, ora ana kang kawruhe utawa pangretene cukup temah bisa kandha: “Ana kang wus dakobong ing geni lan arenge wus dakanggo ngratengi roti, dakanggo manggang daging kang banjur dakpangan. Apa iya turahane nuli dakanggo gawe dewaning kanisthan?”
20. Wong kang tansah ribut bab awu, iku kasasarake dening atine kang kapusan; ora bisa gawe slameting nyawane utawa kandha: “Apa dudu bab kang cidra kang dadi gondhelanku iki?”
21. Ngelingana bab iki kabeh, he Yekub,sabab sira iku abdiningSun, he Israel.Ingsun kang wus mangun sira, sira iku abdiningSun;he Israel, sira ora Sunsupekake.
22. Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin,lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan.Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!
23. Surak-suraka, he langit, awit Pangeran Yehuwah wus tumandang,sumyak-sumyaka, he telenging bumi!Padha gambiraa kalawan surak-surak, he gunung-gunung,he alas dalasan sakehe wit-witane kang ana ing kono!Sabab Sang Yehuwah wus nebus Yakub,sarta Panjenengane wus ngatingalake kamulyane ing bab Israel.
24. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu,kang mangun kowe wiwit saka ing wetengan:“Ingsun iki Yehuwah, kang nitahake samubarang kabeh,kang njereng langit piyambakan,kang nggelar bumi -- sapa kang mbiyantu Ingsun? --