Yesaya 44:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. “Nanging saiki rungokna, he Yakub, abdiningSun,lan he Israel, kang wus Sunpilih!

2. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah kang nitahake sira,kang mangun sira wiwit ing wetengantuwin kang mitulungi sira:Sira aja wedi, he abdiningSun Yakub,sarta he Yesyurun, kang wus Sunpilih!

3. Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak,lan udan deres ing panggonan kang garing.Ingsun bakal ngesokake RohingSun ig sirahe turunira,lan berkahingSun marang anak-putunira.

4. Iku bakal padha tuwuh kaya suket ing satengahe banyu,kaya wit gandarusa ing pinggiring kali.

5. Kang siji bakal celathu: Aku iki kagungane Sang Yehuwah,sijine bakal nyebut awake dhewe klawan jenenge Yakub,lan sijine maneh bakal nulis ing tangane: Kagungane Pangeran Yehuwah,sarta bakal nyebut awake dhewe nganggo jenenge Israel.”

6. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel,Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:“Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan,ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.

Yesaya 44