Yesaya 43:4-23 Kitab Sutji (JAV)

4. Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSuntuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira,mulane Ingsun maringake manungsa minangka gegentinira,tuwin bangsa-bangsa minangka gegentining nyawanira.

5. Sira aja wedi, awit Ingsun nganthi marang sira,Ingsun bakal ndhatengake anak-putunira saka ing wetan,sarta Ingsun bakal nglempakake sira saka ing kulon.

6. Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh,tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,

7. yaiku sakehing wong kang jenenge nganggo asmaningSun,kang Suntitahake kagem kamulyaningSun,kang Sunwangun lan kang uga Sundadosake!”

8. Kareben wong ngajokake bangsa kang wuta sanadyan ana mripate,kang budheg sanadyan duwe kuping!

9. Cikben padha nglumpuk bebarengan sakehing bangsa iku,lan cikben padha nglumpuk sakehing suku bangsa iku!Panunggalane iku sapa kang bisa aweh pawarta bab-bab iki,kang bisa mratelakake marang kita bab-bab kang kelakon dhek biyen?Cikben padha nggawa seksi-seksine, supaya kacihna yen ora luput;wong kareben krungu lan banjur celathu:“Bener mangkono!”

10. “Sira iki padha dadi seksiningSun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,“tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih,supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsunlan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane.Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng,sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.

11. Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwahlan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.

12. Ingsun iki kang paring sumurup, kang paring karahayon lan pawarta,tuwin dudu allah ngamanca kang ana ing tengahira.Sira iku padha dadi seksiningSun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah,“lan Ingsun iki Allah.

13. Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane,tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun;Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,Juru Panebusmu, Kang Mahasuci,Gusti Allahe Israel:“Marga saka sira Ingsun karsa utusan wong menyang ing Babillan karsa nyingkirake slarak-slarake lawanging pakunjaran kabeh,tuwin surak-surake wong Kasdim banjur dadi pasambat.

15. Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci, Allahira,Ratunira kang nitahake Israel.”

16. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,kang wus karya dalan ngliwati sagaralan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,

17. kang wus dhawuh marang kreta lan jaran supaya padha ngetoni perang,uga wadya-bala lan wong prakosa --iku padha gumlethak, ora bisa tangi,wus padha mati, wus mati kaya uceng-uceng --.

18. Mangkene pangandikane: “Aja padha ngeling-eling bab-bab kang wus kepungkur,lan aja mikir marang bab-bab kang wus kelakon dhek jaman kuna!

19. Lah Ingsun karsa damel kang anyar,kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup?Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samunlan kali-kali ana ing pasamunan.

20. Kewan ing alas bakal ngluhurake Ingsun,asu ajag lan manuk unta,awit Ingsun wus karya banyu kang muncar-muncar ing ara-ara samunlan kali kang padha mili ing pasamunan,kanggo ngombeni umat pepilihaningSun;

21. umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsuniku bakal martakake misuwuringSun.”

22. “Sanyata, sira ora nyebut marang Ingsun, he Yakub,sarta sira ora mreduli marang Ingsun, he Israel.

23. Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun,tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira.Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan,sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.

Yesaya 43