Yesaya 43:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwahkang nitahake kowe, he Yakub,kang mangun kowe, he Israel:“Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira,Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira,sira iki kagunganingSun.

2. Manawa sira nyabrang ing banyu,Ingsun bakal nganthi marang sira,utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli;manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng,lan urubing geni ora bakal ngobong sira.

3. Amarga Ingsun iki Yehuwah, Allahira,Kang Mahasuci, Allahe Israel, Juru-slametira.Mesir Sunagem nebus sira,lan Etiopia sarta Syeba Sunparingake minangka gegentinira.

Yesaya 43