7. supaya ngelekke mripat kang wuta,ngwetokake wong ukuman saka ing tahanansarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran.
8. Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun;Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyaneutawa kasuwuringSun marang reca.
9. Pameca-pameca biyen saiki wus padha kelakon,bab-bab kang anyar bakal Sunsumurupake.Sadurunge bab-bab iku kelakon,Sunsumurupake marang sira.”
10. padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwahlan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi!Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh,tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh.
11. Ara-ara samun kareben nywara serudalasan kutha-kuthane lan desa-desa kang dienggoni Kedar!Kang ngenggoni gunung parang cikben padha surak-surak,kareben padha nguwuh-nguwuh saka ing pucaking gunung-gunung!
12. Cikben padha nyaosi kaurmatan marang Pangeran Yehuwah,tuwin padha martakna bab anggone ngluhurake Panjenengane ana ing pulo-pulo.
13. Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug,kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang;Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh,marang para mungsuhe,Panjenengane nedahake kaprawirane.