2. Sapa kang ngobahake wong iku saka ing wetan,kang ngobahake wong kang saben tumindak mesthi unggul,kang nelukake para bangsa ana ing ngarepelan nglorod para raja?Pedhange njalari para raja mau dadi kaya lebusarta panahe marakake kaya damen kang didamoni.
3. Banjur mburu para raja mau sarta liwat ing dalankang durung tau diambah, kanthi slamet.
4. Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh?Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa,Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe,tuwin tumrap para wong kang keri dhewe,Ingsun tetep Panjenengane iku uga.
5. Pulo-pulo padha sumurup lan banjur wedi,poncot-poncoting bumi padha gumeter;padha teka lan saya cedhak.
6. Padha tulung-tinulung lan celathu marang kancane:“Atimu sing tatag!”
7. Si pandhe nyantosakake si kemasan,kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron;lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,”tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku,supaya ora gonjang-ganjing.
8. Nanging sira, he Israel, abdiningSun,he Yakub, kang wus Sunpilih,turune Abraham, mitraningSun;
9. sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumisarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke,Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun,sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”;
10. sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira,sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira.Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira;Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.
11. Lah sakehe wong kang nepsu marang sirabakal kawirangan lan nandhang kanisthan;para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora anatuwin bakal padha nemu karusakan;
12. sira bakal nggoleki wong-wong kang padha nglawan marang sira,nanging ora bakal ketemu;para wong kang merangi sira bakal kayadene ora analan tanpa guna.
13. Sabab Ingsun iki, Pangeran Yehuwah, Allahira,nyepeng tanganira tengen,tuwin ngandika marang sira: “Sira aja wedi,iya Ingsun iki kang mitulungi sira.”
14. Sira aja wedi, he si cacing Yakub,he si uler Israel!Iya Ingsun iki kang mitulungi sira,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
15. Lah sira Sundadekake piranti pangrontogankang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik;sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk,sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut,
16. bakal padha sira tapeni, lan banjur padha kabur ing angin,tuwin bakal mawut dening prahara.Nanging sira iki bakal surak-surakawit saka Pangeran Yehuwahtuwin nggunggung-nggunggung marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
17. Para wong kang sangsara lan kang miskinlagi padha golek banyu, nanging ora oleh,ilate padha garing marga kasatan;nanging Ingsun Yehuwah, bakal minangkani kabutuhane wong-wong mau,sarta sarehne jumeneng dadi Allahe IsraelIngsun ora bakal negakake wong-wong mau.
18. Ingsun bakal ndadekake tengger-tengger kang gundhul, padha ana kalinesarta tanah warata banjur ana sumber-sumbere;Ingsun bakal ndadekake ara-ara samun dadi telagatuwin tanah mati banjur metu banyune.
19. Ingsun bakal nanem wit eres ana ing ara-ara samun,wit sirah, wit jambu keling lan wit jaitun alas;Ingsun bakal damel thukule wit beros ana ing pasamunansarta wit berangan lan wit cemara ing sandhinge,