Yesaya 41:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. He pulo-pulo, padha menenga lan ngrungokna marang Ingsun;para bangsa padha oleha kakuwatan anyar!Cikben padha nyedhak lan banjur munjuk:Ayo padha maju bebarengan lan prakaran!

2. Sapa kang ngobahake wong iku saka ing wetan,kang ngobahake wong kang saben tumindak mesthi unggul,kang nelukake para bangsa ana ing ngarepelan nglorod para raja?Pedhange njalari para raja mau dadi kaya lebusarta panahe marakake kaya damen kang didamoni.

3. Banjur mburu para raja mau sarta liwat ing dalankang durung tau diambah, kanthi slamet.

4. Sapa kang nglakoni lan nindakake iku kabeh?Panjenengane, kang wiwit biyen mula nimbali para turuning manungsa,Ingsun, Yehuwah, kang dhisik dhewe,tuwin tumrap para wong kang keri dhewe,Ingsun tetep Panjenengane iku uga.

5. Pulo-pulo padha sumurup lan banjur wedi,poncot-poncoting bumi padha gumeter;padha teka lan saya cedhak.

6. Padha tulung-tinulung lan celathu marang kancane:“Atimu sing tatag!”

7. Si pandhe nyantosakake si kemasan,kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron;lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,”tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku,supaya ora gonjang-ganjing.

8. Nanging sira, he Israel, abdiningSun,he Yakub, kang wus Sunpilih,turune Abraham, mitraningSun;

9. sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumisarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke,Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun,sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”;

10. sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira,sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira.Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira;Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.

11. Lah sakehe wong kang nepsu marang sirabakal kawirangan lan nandhang kanisthan;para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora anatuwin bakal padha nemu karusakan;

Yesaya 41