Yesaya 40:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairaketuwin umat manungsa kabeh bakalpadha ndeleng iku bebarengan;Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”

6. Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!”Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?”“Umat manungsa kabeh iku kayadene suketlan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.

7. Suket dadi aking,kembang dadi alum,manawa Pangeran Yehuwah ndamoni iku kalawan napase.Bangsa iku sanyatane kaya suket.

8. Suket dadi aking,kembang dadi alum,nanging pangandikaning Allah kitatetep ing salawas-lawase.”

9. He Sion, kang nggawa kabar becik,munggaha ing gunung kang dhuwur!He Yerusalem, kang nggawa kabar becik,ulukna swaramu kang sora,iya ulukna swaramu, aja wedi!Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda:“Delengen, iku Gusti Allahmu!”

10. Delengen, iku Pangeran Allah.Anggone rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos.Lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha nunggal kalawan Panjenengane;kabeh kang wus dadi kagungane padha lumaku ana ing ngarsane.

11. Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane,sarta iku padha diklempakake kalawan astane;cempene padha dipangku,embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.

12. Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epekesarta ngukur langit nganggo kilanane,naker lebuning bumi nganggo takeran,nimbang gunung-gunung nganggo timbangan,utawa tengger-tengger nganggo traju?

13. Sapa kang bisa mranata Rohing Pangeran Yehuwahutawa nyaosi pitedah marang Panjenengane kayadene juru pitutur?

Yesaya 40