1. UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira,
2. atine Yerusalem ayemnasarta nguwuh-uwuhayen pangawulane wus rampung,manawa kaluputane wus kaapura,awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwahtikel ping loro marga saka sakehing dosane.
3. Ana swara kang nguwuh-uwuh:“Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan,ngencengna dalan gedhe kagem Allah kitaana ing ara-ara samun!
4. Saben ledhokan kaurugana,tuwin saben gunung lan tengger kawaratakna;tanah kang ana tengger-tenggere kadadekna tanah warata,sarta tanah kang mendhak mandhukul kadadekna papan lempar;
5. ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairaketuwin umat manungsa kabeh bakalpadha ndeleng iku bebarengan;Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”
6. Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!”Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?”“Umat manungsa kabeh iku kayadene suketlan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.
7. Suket dadi aking,kembang dadi alum,manawa Pangeran Yehuwah ndamoni iku kalawan napase.Bangsa iku sanyatane kaya suket.
8. Suket dadi aking,kembang dadi alum,nanging pangandikaning Allah kitatetep ing salawas-lawase.”
9. He Sion, kang nggawa kabar becik,munggaha ing gunung kang dhuwur!He Yerusalem, kang nggawa kabar becik,ulukna swaramu kang sora,iya ulukna swaramu, aja wedi!Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda:“Delengen, iku Gusti Allahmu!”
10. Delengen, iku Pangeran Allah.Anggone rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos.Lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha nunggal kalawan Panjenengane;kabeh kang wus dadi kagungane padha lumaku ana ing ngarsane.
11. Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane,sarta iku padha diklempakake kalawan astane;cempene padha dipangku,embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.
12. Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epekesarta ngukur langit nganggo kilanane,naker lebuning bumi nganggo takeran,nimbang gunung-gunung nganggo timbangan,utawa tengger-tengger nganggo traju?