4. Nuli munjuk pitakon maneh: “Punapa ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula, sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken ingkang wonten ing pasimpenan kula.”
5. Nabi Yesaya tumuli munjuk marang Sang Prabu Hizkia: “Panjenengan dalem kawula aturi midhangetaken pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi!
6. Bakal tumeka ing wektune, samubarang kabeh kang ana ing kratonira lan kang kasimpen dening leluhurira nganti saprene iki, bakal padha diusungi menyang ing Babil. Ora ana barang kang ditinggal. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.
7. Lan turunira kang bakal mijil saka sira bakal ana kang kajupuk ing wong didadekake priyagung ana ing kratone ratu ing Babil.”
8. Sang Prabu Hizkia ngandika marang Nabi Yesaya: “Saestu sae pangandikanipun Pangeran Yehuwah ingkang panjenengan pratelakaken punika!” Nanging kang digalih: “Anggere sajege uripku kaanan rukun lan tentrem!”