1. Ing nalika iku Sang Prabu Merodakh-Baladan bin Baladan, ratu ing nagara Babil, utusan wong ngirimake layang lan atur-atur marang Sang Prabu Hizkia, amarga wus midhanget manawa Sang Prabu Hizkia kang maune gerah, wus senggang.
2. Sang Prabu rena ing panggalih ing bab pisowane para utusan mau, banjur padha ditedahi gedhong raja brana, anggi-anggi lan lengane kang adi, gedhong gegamaning perang kabeh lan samubarang kabeh kang ana ing pasimpenane. Ora ana barang kang ana ing kadhatone lan ing saindenging wewengkone pangwasane kang ora dikatingalake dening Sang Prabu Hizkia marang para utusan mau.
3. Nabi Yesaya banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia lan munjuk pitakon: “Tiyang-tiyang punika sami munjuk punapa kemawon saha dhatengipun saking pundi?” Paring wangsulane Sang Prabu Hizkia: “Saking nagari ingkang tebih, saking Babil!”
4. Nuli munjuk pitakon maneh: “Punapa ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula, sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken ingkang wonten ing pasimpenan kula.”
5. Nabi Yesaya tumuli munjuk marang Sang Prabu Hizkia: “Panjenengan dalem kawula aturi midhangetaken pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi!