Yesaya 37:6 Kitab Sutji (JAV)

banjur padha dipangandikani dening Nabi Yesaya mangkene: “Sami kula aturi munjuk dhumateng gusti panjenengan: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang diucapake dening para bature raja Asyur kanggo ngala-ala marang Ingsun iku.

Yesaya 37

Yesaya 37:2-12