Yesaya 37:33-38 Kitab Sutji (JAV)

33. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Wong iku bakal ora lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panahe mrene; uga ora bakal nekani kalawan tameng lan uga ora bakal ngundhug-undhug lemah kanggo tanggul pangepungan.

34. Dheweke bakal mulih liwat ing dalan, kang diliwati nalika teka, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

35. Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

36. Kacarita Malekate Pangeran Yehuwah nuli miyos lan mejahi wong kang ana ing tarub-tarube Asyur satus wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun iku kabeh wus padha dadi jisim.

37. Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, banjur bidhal kondur sarta lereb ana ing kutha Niniwe.

38. Ing sawijining dina nalika panjenengane lagi sujud sembahyang ana ing kabuyutane Nisrokh, allahe, banjur kasedanan kalawan pedhang dening para putrane, yaiku Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sareser, kang nuli padha ngungsi menyang ing tanah Ararat, Pangeran Esarhadon, putrane kang banjur gumanti jumeneng ratu.

Yesaya 37