1. Ing taun kang kaping patbelas ing jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur rawuh lan nempuh kutha-kuthane beteng nagara Yehuda, kang banjur padha kena karebat.
2. Ratu ing Asyur mau nuli ngutus priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis menyang ing Yerusalem sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia kinanthenan wadya-bala gedhe. Priyagung iku nuli kendel ana ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.
3. Ing kono Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, hartaka nagara, padha medali manggihi priyagung juru pangunjukan mau.
4. Priyagung juru pangunjukan banjur ngandika: “Panjenengan sami kula aturi munjuk dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun nata-agung, ratu ing Asyur: Pangandel apa ta kang sira gondheli iki?
5. Pangiranira mung pangucaping lambe bae wus bisa dadi rancangan lan kakuwataning perang! Saiki, sira mbalela marang ingsun iku, sapa kang sira tenga-tenga?