1. Ing taun kang kaping patbelas ing jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur rawuh lan nempuh kutha-kuthane beteng nagara Yehuda, kang banjur padha kena karebat.
2. Ratu ing Asyur mau nuli ngutus priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis menyang ing Yerusalem sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia kinanthenan wadya-bala gedhe. Priyagung iku nuli kendel ana ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.
3. Ing kono Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, hartaka nagara, padha medali manggihi priyagung juru pangunjukan mau.
4. Priyagung juru pangunjukan banjur ngandika: “Panjenengan sami kula aturi munjuk dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun nata-agung, ratu ing Asyur: Pangandel apa ta kang sira gondheli iki?
5. Pangiranira mung pangucaping lambe bae wus bisa dadi rancangan lan kakuwataning perang! Saiki, sira mbalela marang ingsun iku, sapa kang sira tenga-tenga?
6. Kang sira tenga-tenga iku sanyatane teken pring kang wus pepes tumungkul, yaiku Mesir kang bakal nyubles lan nembus tangane wong kang teteken iku. Kaya mangkono iku kaanane Pringon, ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang ngandelake dheweke.
7. Lan manawa sira matur marang ingsun: Ingkang sami kawula andelaken punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake dening Hizkia kalawan pratela marang Yehuda lan Yerusalem: Sira kabeh kudu sujud lan nyembah ing ngarepe misbyah iki!
8. Milanipun sapunika sumangga sami kula aturi totohan kaliyan gusti kula, ratu ing Asyur: Kula badhe nyaosi panjenengan kapal kalih ewu, manawi panjenengan sagah maringi tiyang-tiyangipun ingkang numpaki.
9. Kadospundi anggen panjenengan saged ngawonaken tetindhihipun gusti kula satunggal kemawon ingkang asor piyambak? Mangka panjenengan ngendelaken Mesir ing bab kreta tuwin prajuritipun kapalan!
10. Lah sapunika, punapa anggen kula majeng nglawan nagari punika saha anggen kula badhe nyirnakaken nagari punika, punika boten margi saking karsaning Pangeran Yehuwah? Pangeran Yehuwah sampun ngandika dhateng kula: Mangkata, tempuhen nagara iku lan sirnakna!”