3. Rikala mireng gumuruhing swara nalika Paduka jumeneng,para bangsa sami lumajeng tuwin para suku bangsa sami buyar.
4. Wong banjur padha nglumpukake jarahan kayadene walang kang srakah kang mangan pakane;padha ngebyuk kaya panempuhing walang gegrombolan.
5. Pangeran Yehuwah iku dhuwur aluhur, awit akadhaton ing ngaluhur;Sion kagawe kebak kaadilan lan kabeneran.
6. Jaman tentrem bakal nekani kowe;kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh;wedi-asih marang Sang Yehuwah,iku kang dadi raja branane Sion.
7. Delengen, wong-wong Ariel padha sesambat ana ing dedalan,para utusan kang ngupaya karukunan padha nangis kepati.
8. Lurung-lurung dadi sepituwin wong ora ana siji bae kang lumaku ing dalan.Prajanjian wus diselaki,para seksi wus padha katampik,tuwin manungsa ora digubres.
9. Nagara susah lan aclum;Libanon kisinan lan ambruk mati;Saron wus kaya ara-ara,Basan lan Karmel padha brindhil.
10. Saiki Ingsun bakal jumeneng -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --saiki Ingsun bakal gumregah jumeneng,saiki Ingsun bakal jumeneng jejeg!
11. Sira padha ngetengake suket aking,lan bakal manak damen;kanepsonira kaya geni kang mangsa sira dhewe.