Yesaya 33:21-24 Kitab Sutji (JAV)

21. Ana ing kono kita bakal sumurup sapira gedhening kamulyane Pangeran Yehuwah Gusti kita:kayadene panggonan kang kebak kali lan ilen-ilen kang amba;iku ora bakal kaliwatan prau dihayungan,lan prau kapal gedhe ora bakal nyabrang ing kono.

22. Sabab Pangeran Yehuwah iku Hakim kita,Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita;Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita,Panjenengane bakal ngluwari kita.

23. Dhadhung-dhadhungira wus padha kendho,ora kena kanggo naleni tiyanging layar nganti kenceng ana ing papane,ora kena kanggo menthang layar.Ing wektu iku wong bakal ngedum-edum jarahan kang akeh banget,tuwin wong lumpuh bakal padha ngrayah jarahan.

24. Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: “Aku lara,”lan sakehe wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputane.

Yesaya 33