Yesaya 32:8-11 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging wong kang luhur budine iku ngrancang bab-bab kang luhur,lan tansah tumindak mangkono.

9. He para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem,padha tangia, rungokna swaraku,he para bocah wadon kang padha urip kanthi ayem,padha gatekna tembungku!

10. Ing sajroning sataun punjulkowe bakal padha gumeter,he para wong kang padha urip kanthi tentrem,amarga panene woh anggur wus entek rusak,lan panen wowohan liyane uga ora ana.

11. Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem,padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem,selehna lan cucula sandhanganmu,padha manganggoa bagor ing lambungmu!

Yesaya 32