Yesaya 32:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge,tuwin atine ngrancang prakara kang ala,yaiku sumedya murtadsarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah,ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwenlan marang wong kang ngelak butuh ngombe.

7. Wong culika iku akal-akale ala,kang dirancang panggawe kang nisthakanggo gawe cilakane wong sangsara kalawan tembung-tembunge kang goroh,sanadyan wong miskin iku mbelani hake.

8. Nanging wong kang luhur budine iku ngrancang bab-bab kang luhur,lan tansah tumindak mangkono.

9. He para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem,padha tangia, rungokna swaraku,he para bocah wadon kang padha urip kanthi ayem,padha gatekna tembungku!

10. Ing sajroning sataun punjulkowe bakal padha gumeter,he para wong kang padha urip kanthi tentrem,amarga panene woh anggur wus entek rusak,lan panen wowohan liyane uga ora ana.

11. Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem,padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem,selehna lan cucula sandhanganmu,padha manganggoa bagor ing lambungmu!

12. Padha tangisana pategalanmu kang endah,tuwin witmu anggur kang tansah mbiyet wohe,

Yesaya 32